
Nalika rembulan ganep lagi leledhang
ngedumake cahyane ing salumahe bumi
dumadakan ana khodok sing lali udan-udan
tangis kalunta-lunta takon bab omahe
sing wis musna ora disumurupi jalarane
"Wulan,apa sliramu ngerti endi omahku?"
Merga trenyuh mula rembulan sing maune
Padhang kuwi terus katon mbleret
"Kowe ngaliha nggonku wae, kodhok.
Sesuk dakgawekake sawah anyar
kanggo panguripanmu sakulawarga.
0mahmu wis dadi omah wong!"
Rampung kuwi bali rembulan ngedum maneh
Dening: Bambang Edi Supriono
Tidak ada komentar:
Posting Komentar